Ajip Rosidi | |
---|---|
Pakarya | Sastrawan, Sastrawan Sunda, Budayawan, Dosen, Redaktur |
Bangsa | Indonésia |
Suku | Sunda |
Warga nagara | Indonésia |
Gènre | Cerpen, Puisi, Cerita Anak |
Subyèk | Sastra Indonésia, Sastra Sunda |
Bebungah utama |
|
Bojo | Fatimah Wirjadibrata |
Anak |
Ajip Rosidi, utawi asring dipunsapa nganggé éjaan énggal Ayip Rosidi, punika pengarang, juru besut, Ketua Dewan Pendiri Yayasan Kebudayaan Rancagé, Ketua Pendiri Yayasan Pusat Studi Sunda. Piyambakipun naté nyambut damel minangka guru basa lan kabudayan Indonésia ing Osaka Gaikokugo Daigaku (1981-2003), ing Kyoto Sangyo Daigaku (1982-1996) lan Tenri Daigaku (1982-1995), Jepang. Piyambakipun ingkang gadhah prakarsa palembagan Bebungah Sastra Rancagé milai taun 1989, lan penyelenggaraan Konferensi Internasional Budaya Sunda (KIBS) 2001 ing Bandung. Wiwit taksih anèm piyambakipun asring nyerat, wonten ing basa Indonésia lan ugi ing basa Sunda. Buku-buku karyanipun langkung saking satus irah-irahan, ing antawisipun wujud roman, koleksi gurit, koleksi cariyos cekak, memoar, lan biografi.
© MMXXIII Rich X Search. We shall prevail. All rights reserved. Rich X Search